Kamis, 13 April 2017

Klemben-klemben rek, Roti-roti. Biyen-biyen Rek saiki-saiki (Seng moco ojo baper, ngguyu oleh)

Sopo seng sek sering baper karo masa lalune??? hayoo ngacungo rekk..ojo pura-pura lugu..haha..Opo sek cemburu pas krungu bojomu nyebut jenenge mantane? trus rasane atimu koyo kene bom nuklir seng maha panas? ngono ta? nek iyo, tak bedek wes...koen senengane ndelok india? opo reality show sejenis drama quin lebay lebay ngono? #ngales sek#wedi di sawat sandal#ojo baper

walah rek iki tahun 2017, ayooo ojo mikir soal mantane pacarmu opomaneh mantanmu. wayahe mikir masa depan iki rek. hahaha. tak kei alasan yo opoo kok awakmu ga perlu cemburu karo mantane pacarmu. opo maneh cemburu karo pacare mantanmu (lak iki kan yo tambah aneh, wes mantan loh hahaha). ayoo iki diwoco disek rek opoo kok wes ga jaman baper mantan:

1. Nek saiki awakmu pasangane berarti awakmu iki kudu yakin nek awakmu perfect.
    Loh iki penting rek. kudu pede masio jare kalah ayu kalah putih opomaneh kalah semok. loh loh engko disek rek... iku nek kan jare uwong, nek ternyata jare pasanganmu awakmu iku ancen the best, atine apik, sayang, perhatian, pinter nyenengno ati, masio seng lewat semoke koyok jenifer lopes yo ga katene ta pasanganmu iku menggok, paling yo nglirik titik. hahaha.

Nek saiki awakmu pasangane embuh pacare bahkan bojone, berarti awakmu iku seng terbaik. Kudu diyakini iku. Nek awakmu ga yakin, malah nggarai curiga ga jelas. Padahal gurung karuan pasanganmu ngrosone ngono. Yo kan males se..nek mbok plerok'i padahal ga paham nek awakmu lagi cemburu. Malah tiwas gegeran. Lha sopo seng rugi?

2. Mending mikir piye carane dadi uwong seng bahagia timbang mikiri masa lalu
Iki penting yo girls!! Dadi wedok positif iku mempesona loh rek. Nggarai kepribadianmu bersinar terang benderang koyok PLN 1000 kw. hahaha... lho..timbangane baper wedi mantane cedek maneh, mending awakmu fokus yok opo carane kehidupane hubunganmu bahagia. ceria manja ala-ala inces seng nggarai pacar opo bojomu iku nuempel.

prinsipe nek ancen sayang ga katene atene lungo. brarti seng sayang kan seng stay? iku berarti awakmu seng sayang. iku penting pola pikire..

3. Awakmu iki seng ngantri akeh
Ojo wedi kelangan. koyoke kok jahat ya? tapi iki tenan loh rek. ga guyon aku... nek awake dewe dadi santai koyo lagi plesiran neng pantai, dadi ga beban mental. nek ancen sayang, yo ga biayayakan. nek ancen biayayakan? sikat jeh!!! wong gari mlebu salon sak ulan rebonding, perawatan mulai teko ujung mbun-mbunan sampek ngilangi cantenge sikil iku loh wes koyo artis maneh.. wakehh seng antri hahahha...

hubungan iku ga perlu terlalu dirantai. koyo urip ae. butuh ambekan. butuh konco, ben onok wernoe ngono loh. cek nek ketemu iku akeh sing dibahas. ben tambah sip nek pas ngobrol. wong wedok opomaneh...penting kan duwe sahabat lanang. akeh loh seng biyen pacare akhire dadi sahabatan mbulet ae.

4. Mantane gurung karuan sek eleng karo pasanganmu.
Lha iki seng paling koplak. Koen merong-merong gegeran karo bojomu cuma perkoro nemu bojomu koncoan neng medsos karo mantane. padahal komen-komen yo ga, komunikasi yo ga. trus mbok delete. nah lo?

ngene loh rek... kan jenenge urip iku mlaku. opo maneh nek mantane wes duwe pasangan pisan. trus wes bahagia dunia akhirat. tapi tipene wonge santai. ga baper soal biyen. kan sakno bojomu, diguyu-guyu dipikire malah bojomu seng baper. padahal mantane ga duwe roso opo-opo.

5. Rekkk, iku mantan dudu selingkuhan
Ibarate koyok awakmu tuku mangan, pas sedurunge piring iku mbok gawe, kan mesti wes digawe uwong seh? moso ate mbok clatu seng dodol. padahal awakmu tukune sak jam bar piring iku dikorahi maneh?

tapi yo mbalik maneh seh neng pribadi masing-masing. bee iku nggarai uripmu bahagia yo lakonono. tapi kok yo eman mengagumi mantan yo? soale artis korea kan ganteng. opomaneh saiki hamish yo tambah brewok abis... dadi kan piye ngono loh...hahaha

ayoo rek, para cewek sibuk mikir kemajuan keluarga, bangsa karo agama. minimal piye carane bermanfaat gawe sekeliling timbang gagal move on masalah mantan. hidup kartini...